Selasa, 20 Maret 2018

Hai guys kembali lagi di blog nya Yasin.
Postingan kali ini akan membahas pidato bahasa jawa untuk perpisahan.
Nah buat kalian yang dapet tugas ujian praktek bahasa jawa khususnya pidato kalian bisa liat liat postingan ini sebagai referensi.




SESORAH PERPISAHAN

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Alhamdulillahirabil’alamin
Wassholatu wassalamuala
Asyrofil ambiyai war mursalin
Sayidina wa maulana muhammadin
Waala’alihi wasohbihi ajmain,Amaba’du


Ibu kepala sekolah SMP N 1 Pakem ingkang dahat kinuratan,Bapak/Ibu guru saha karyawan SMP N 1 Pakem ,rayi kelas 7,8  saha kanca kelas 9 ingkang kula tresnani ugi.

Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring nikmat kasarasan dhumateng kula lan panjenengan sedaya,satemah kula lan panjenengan sedaya saged sesarengan makempal wonten adicara perpisahan kelas 9 samenika kanthi boten wonten alangan satunggal punapa.

Kula amakili siswa kelas 9 , ngaturaken maturnuwun dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang sampun nggulowentah kula lan kanca-kanca dangunipun tigang taun wonten pawiyatan punika.Wonten adicara punika , kula sakanca nyuwun agunging pangapunten dhumateng Bapak/Ibu guru menawi sadangunipun tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan punika kathah kalepatan ingkang dipun sengaja lan boten disengaja. Kula sakanca nyuwun donga pangestunipun dhumateng Bapak/Ibu guru supados saged nglajengaken wonten pawiyatan ingkang langkung inggil satemah gegayuhan kula sakanca saged kasembadan .

Kangge rayi-rayi kelas 7 lan 8 supados sregep sinau satemah saged kasembadan ingkang menapa dados pangangkahipun.

Cekap semanten atur kula,mbok bilih wnten kalepatan anggenipun kula matur nyuwun agunging pangapunten.


Wabillahi taufik walidayah

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh






Tidak ada komentar:

Posting Komentar